Selasa, 10 Januari 2012

Geguritan: Konjuk Sibu

 gambar dari sini


Sibu
Wonten wanci puniko dalem arso sowan pesarean paduko
Dalem arso sowan dumateng pesarean paduko Sibu
Bu, kanthi lembahing manah dalem ngaturaken sembah bekti konjuk Ibu
Puniko dalem tansah nyuwun pangestu
Pitutur paduko
Dados jejimat gesang dalem
Ibu tansah kinasihan Gusti ingkang Moho Wikan, nggih Bu
Sungkem konjuk


Tresno paduko dumateng sedoyo putro putri Bu
Kadyo langit,suryo,bantolo soho samodro
Asih Sibu lumarap wonten dalem,srep tidem premanem
Tentrem wonten roso

Katresnan paduko jembaring samodro
Nggujeng paduko suryo ingkang padang
Suburing bantolo tyas paduko
Kados langit biru rengkuh paduko

Ibu, katresnan paduko dumateng putro putri
tanpo tanding sedoyo jalmi wonten jagad
katresnan ingkang kawiwit mboten pinungkas
Katresnan sejati
Saking tuntunanipun Gusti

Bu
Panyuwun dalem dumateng Gusti
Ibu tentrem wonten swargi
Inggih saking berkahing Gusti
Sembah sungkem poro putro soho putri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar